Cerita rakyat
CERITA RAKYAT
A. PANGERTOSAN CRITA RAKYAT
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute. Tumraping bocah bocah , crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti , amarga budi pekerti luhur tumrap bocah bocah.
B. TITIKANE CRITA RAKYAT
1. Panyebarane kanthi lesan,
2. Duweni sipat tradhisional,
3. Sugih cakrik lan variasi,
4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit), lan
5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
C. UNSUR INTRINSIK CRITA RAKYAT
1. Tema , yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
2. Latar/ setting , yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan kan sosial budaya.
3. Paraga ,yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake , ciri isike,lingkungane lan sapanunggale.
4. alur ( plot ) yaiku rerangkening prastawa ing sjroning crita
5. Amanat , yaiku pesen kang ana ing crita.
6. Sudut pandang , yaiku nyritakake tokoh, barang, kan sapanunggale.
D. WUJUDE CRITA RAKYAT MITURUT WILLIAM R.BASCOM
1. Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Roro Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
2. Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, blyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang , rara jonggrang , sumur jalatundha lan sapanunggale.
3. Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
E. MUPANGATE CRITA RAKYAT
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem , seneng uga menehi hiburan
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai0nilai kaendahan
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai nilai moral kang dhuwur sengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngem ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca
F. SINOPSIS
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak, nanging bisa njlentrehake crita sakabehane. Nalika bakal nulis sinopsis Bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
1. Tema , yaiku gagasan pokok utawa pokok cerita
2. Latar , yaiku papan kan wektu dumadine prastawa
3. Alur , lakuning crita.
4. Penokohan , paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe
sinopsise
G. TULADHANE CRITA RAKYAT
TIMUN MAS
Timun emas anake Mbok Randa Sambega. Uripe nrekasa banget, amarga mlarat.Timun emas iku bocah ayu, sregep lan apik atine. Dheweke duwe jimat, wujude uyah, dom lan trasi.
Ing sawijining dina, desa Sambega ketekan Buta Ijo. Wong-wong pada wedhi. Tekane buta ijo mau arep golek pangan.
Wiwitane mung mangan kewan-kewan bae. Suwe-suwe bareng kewan wis entek, ganti mangan bocah. Wong Sambega banjur padha ngulpuk, dipimpin lurahe. Wong-wong lanang arep ngalwan buta ijo. Bareng Butane teka, wong-wong pada ngroyok.
Ana sing menthungi, nendhang, malah ana sing mbacoki. Butane ora mati. Kelaran bae ora. Suwe-suwe butane nesu. Wong-wong dikipatake mencelat. Wong sadesa sansaya wedi. Butane banjur njupuki bocah-bocah ing desa Sambega mau, dipangan. Wiwitane mung dipilih bocah sing lemu-lemu bae, suwe-suwe tekan sing kuru barang.
Ing dina-dina candhake, Buta Ijoa tekan omahe Mbok Randa Sambega. Buta wau weruh Timun Emas, Timun Emas diparani. Timun Emas wedi banjur mlayu. Butane terus nututi. Barang meh wis kecekel, Timun Emas mbuwang uyahe. Uyah malih dadi kebon timun.
Butane banjur kesenengen mangan timun, lali ora nututi Timun Emas. Bareng Timune Wis enteng, butane ngoyak Timun Emas maneh. Bareng wis meh kecekel, Timun Emas mbuwang dom jimate. Sanalika ing kono ana alas gedhe. Butane kangelen olehe nututi Timun Emas. Timun Emas mlayu terus. Suwe-suwe butane bisa metu saka alas mau, ngoyok Timun Emas. Bareng arep kecekel maneh, Timun Emas nguncalake trasine.
Ing kono banjur ana rawa endhut kang jero. Butane kecemplung endhut mau, klelep banjur mati.
Timun Emas wusanane kepethuk karo Pangeran ing Jenggala. Deweke diajak menyang Kraton, uripe kepenak.
Amanat:
Awake deneng urip ning alam donya kudu nduweni watak welas asih marang sesame manungsa, amarga sejatine manungsa kui salah sijine makluk sosial seng saling mbutuhake marang liyane. Kejaba kui sebagai makluk ciptaan gusti allah tansah kudu nyuwun lan sabar ndonga menawi nduwe kekarepan. Ora malah nyuwun marang makhluk gaib liyane sing aneh aneh. Sebab kui bisa ndadeake dewe sirik.
Sumber: (Gegaran Nyinau Basa Jawa kelas XI )
Brainly.co.id - https://brainly.co.id/tugas/2642115#readmore

mantappp
BalasHapus