Postingan

Menampilkan postingan dari Februari, 2020

Cerita rakyat

 CERITA RAKYAT A. PANGERTOSAN CRITA RAKYAT           Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute. Tumraping bocah bocah , crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti , amarga budi pekerti luhur tumrap bocah bocah. B. TITIKANE CRITA RAKYAT 1. Panyebarane kanthi lesan, 2. Duweni sipat tradhisional, 3. Sugih cakrik lan variasi, 4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit), lan 5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane. C. UNSUR INTRINSIK CRITA RAKYAT 1. Tema , yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita. 2. Latar/ setting , yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan kan sosial buda...

Gamelan

GAMELAN Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pengiring tembang. Tumprepe wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane manungsa. Karepe, bisa kanggo nodhi Utawa nguji kepiye rasa pangrasane menungsa mau nalika ngrasake swarane gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu Utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.   Ricikane utawa jeneng-jenenge gamelan iku udakara ana limalas werna, kayata: Bonang penerus, Bonang barung, kempul lan gong, kenong , slenthem, gender penerus, gender barung, demung, saron penerus, saron barung (1), saron barung (2), Gambang, kethuk LAN kempyang , rebab, serta kendhang. A. Maca lan nanggepi teks eksposisi ngenani gamelan      Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuwane nerangake utawa njelaske kedadeyan, kahanan, utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan ngerti kathi cetha. Tuladhane kaya ngisor iki. ...

Pendhidhikan moral

Pendhidhikan Moral   Perangane Serat Wedhatama kang pungkasan, anggitane KGPAA Mangkunegara IV yaiku pupuh Kinanthi. Ing wulangan iki pupuh Kinanthi mengko arep didhudhah banjur digathuk-gathukake karo kahanane bangsa Indonesia ing jaman saiki. Tembung Kinanthi iku saka tembung kanthi iku saka tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in Iki tegese padha Karo ater-ater di-. Dadi, Kinanthi tegese dikanthi, dituntun, digandheng, Utawa diarahke. A. Maca, nanggapi lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi Kinanthi Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den anedya, pandak-panduking pambudi, mbengkas kahardaning driya, supaya dadya utami. Pupuh Kinanthi ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembung Kinanthi kiwa Iki kawiwitan sama tembung marma tekan tembung Utami.  Guru gatra saben tembang Kinanti ana 6 gatra utawa larikGuru lagune tembung Kinanthi yaiku: u, i,a i, a la...

GEGURITAN

BAB GEGURITAN A. Pengertian Geguritan Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa ingkang kawujud saking rasa ing ati kang diungkapaken kaliyan penyair ngagem bahasa ingkang gadah irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang gadah arti utawa makna wonten ing lirik geguritan. Geguritan uga kawujud saking ungkapan perasaan lan pikiran penyair . Geguritan ing bahasa Indonesia uga kasebut puisi. B. Ciri - ciri geguritan Ciri - ciri wonten ing geguritan yaiku : duweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatraduweni makna utawa arti ana ing lirik lirik eduweni bahasa ingkang endah lan mentesIng teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan C. Unsur - unsur intrinsik Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika : TemaBahasa kang endahJudul GeguritanDiksiCitraPurwakanthiAmanat kang ono ...

PAKAIAN ADAT JAWA

PAKAIAN ADAT JAWA    Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhesar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop. Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja. Bedakke Antara Pakaian Adat Jawa SOLO lan YOGYA BLANGKON    Blangkon kota Yogya yaiku bagian mburine ana mondolan(benjolan) kanggo panggonan gelungan rambut, amarga adat zaman biyen tradisi rambut lanang didawakake. Yen didelok saka ngarep blangkon Yogya luweh mbentuk huruf “A” ing bagian bathuk. Blangkon kota Solo yaiku luweh trepes(rata) ama...